Contoh Soal UM Bahasa Inggris terbaru
Pilihen wangsulan sing bener kanthi ngeping (x) ana ing huruf A, B, C, utawa D!
Teks geguritan kanggo soal nomer 1 – 3
Transmigrasi
dening Budi R
Ayo berjuang terus
Yen gegayuhan aluhur
Ora mandeng irung
Para sutresno
Ayo mbangun desa
Dha makaryo bebarengan
Aja nganggur neng Tanah Jawa
1. Geguritan ing ndhuwur irah-irahane ....
A.
Negaraku
B.
Transmigrasi
C.
Pemudha
D. Sena H
2. Geguritan ing ndhuwur ana ukara yen
gegayuhan aluhur, gegayuhan tegese ....
A. perjuangan
B. geguyonan
C. kekarepan
D. sinau
3. Geguritan ing ndhuwur iku ka anggit dening ….
A. Harsono
B. Kepala Desa
C. Budi R
D. Sutresno
4. Pak Hadi lagi turu ana omah. Ukara ing
dhuwur menawa didadekake basa krama yaiku...
A. Pak Hadi lagi sare ana dalem
B. Pak Hadi nembe sare wonten dalem
C. Pak Hadi lagi sare wonten dalem
D. Pak Hadi nembe sare ana dalem
5. Basa krama iku dinggo pacelathon marang wong kang...
A. Wis akrab lan raket kekancane
B. Luwih sepuh lan durung tepung
C. Isih kalebu sedulur cinaket
D. Nduweni kalungguhan ana pamerintahan
6. Ana ing Kasusastran Jawa, puisi iku ana werna loro yaiku puisi Jawa lawas lan puisi Jawa modern. Geguritan klebu jenis ...
A. puisi Jawa modern
B. puisi Jawa lawas
C. tembang macapat
D.
parikan
Teks kanggo soal nomer 7 – 10
Yudhistira
Prabu Yudhistira iku pambarepe Pandhawa. Prabu
Yudhistira uga kagungan asma liya yaiku Prabu Puntadewa, prabu Dwijakangka,
Prabu Gunatalikrama, lan Prabu Ajathasatru. Prabu Yudhistira kagungan pusaka
arane Jimat Kalimasada.
Prabu yudhistira iku raja ing Kraton Amarta.
Kraton kang gemah ripah loh jinawi, subur makmur, karta raharja. Raja kang
sabar, ora duwe musuh, lan sugih pangapura.
Garwane Prabu Yudisthira yaiku Dewi Drupadi.
Putrane mung siji yaiku Raden Pancawala. Prabu Yudhistira putrane Prabu
Pandhudewanata lan Dewi Kunthi Talibrata..
7. Crita wayang ing dhuwur mau tokoh utamane yaiku ….
A. Raden Arjuna
B. Raden Pancawala
C.
Prabu Pandhudewanata
D. Prabu Yudisthira
8. Prabu Yudhistira uga kagungan asma liya. .Asma
tegese ….
A. jeneng
B. anak
C. gaman
D.
bapak
9. Ngisor iki kang dudu sifate Prabu Yudhistira yaiku ….
A. wicaksana
B. sugih banda
C. sugih pangapura
D.
sabar
10. Ukara ngisor iki kang trep karo crita wayang
ing ndhuwur yaiku ….
A.
Raden Pancawala putrane Dewi Kunthi Talibrata
B.
Prabu Yudhistira putrane Raden Pancawala
C.
PrabuYudhistira putrane Prabu Pandhu Dewanata
D.
Prabu Pandhu Dewanata putrane Prabu Yudhistira
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Prajurit
sejati
kumandhanging
swara ati
anuntut
sira wani mati
kanggo
labuh nigari
kanggo
bela ibu pertiwi
11. Tembung labuh minurut geguritan in nduwur ngemu surasa
….
A.
Wektu antarane ketiga lan rendheng
B.
Gawe jasa marang negara
C.
Pegawai pamarintah kang gagah
D.
Kegiatan kang ditindakake wong akeh
12. Dadin bocah kuwi aja sok seneng goroh.
Dasa namane tembung goroh yaiku...
A.
Dolanan
B.
Tegese
C.
Gumedhe
D.
Ngapusi
Wacan kanggo nomor 13 – 18
Ana 28 Desa Kekurangan Banyu
Warga ing
Kabupaten Banjarnegara wiwit kekurangan banyu resik kanggo kebutuhan saben
dina. “Naganti dina iki wis ana pirang-pirang desa kang resmi nyuwun kiriman
banyu resik. Anggone ngirim ditindakake manut jadwal.” Ngendikane Kepala
Pelaksana BPBD Banjarnegara, Tursiman.
Adhedasar
asil rapat koordinasi ing kantor Sekretaris Dhaerah dhek tanggal 15 september,
dilapurke ana 28 desa kang kekurangan banyu resik. Sanajan mangkono kanggo
nangani bencana kekurangan banyu iki dibedakake karo kahanan mangsa ketiga.
BPBD ngajap
bisa ngusadani kekurangan banyu resik iki kanthi cara liya. Umpamane gawe sumur
bor utawa pipanisasi banyu resik. Nanging bab kuwi kudu dianaake survei luwih
dhisik.
13. Topik wacan ing ndhuwur yaiku...
A. kesehatan
B. olah raga
C. prastawa budaya
D. kedadean alam
14. Karangan ing ndhuwur isine nerangake bab apa
wae kang jumbuh karo kahanane, mula kalebu karangan jenis...
A. diskriptif
B. naratif
C. argumentataif
D. persuatif
15. Bakune isi crita paragraf 1 saka wacan mau
yaiku....
A. Warga ing kabupaten Banjarnegara dikirimi
banyu resik
B. Warga ing Kabupaten banjarnegara kekurangan
banyu resik
C. Ing Kabupaten Banjarnegara ana 28 desa
kekurangan banyu resik
D. Ing Kabupaten Banjarnegara ora ana banyu resik
16. Miturut crita ing ndhuwur, rapat koordinasi
kanggo nangani kekurangan banyu resik ditindakne nalika tanggal ....
A. 28 Agustus
B. 28 September
C. 15 Agustus
D. 15 September
17. Genea warga ing Kabupaten Banjarnegara nyuwun
kiriman banyu resik?
A. amarga kekurangan banyu resik
B. amarga lagi mangsa ketiga
C. supaya banyune sumber asat
D. supaya anggone ngirim manut jadwal
18. Kepiriye carane ngusadani kekurangan banyu
resik ana Kabupaten Banjarnegara?
A. dikirimi pangan
B. gawe bendungan
C. dikirimi banyu resik
D. dibantu duwit
Teks crita kanggo soal nomer 15– 19
Dumadine Kutha Karanganyar ana sambung rapete
karo sejarahe R.M. Said utawa kang luweh kawentar kanthi jejuluk Pangeran
Sambernyawa nalika perang lumawan walanda tahun 1792. Ing perang mau Pangeran
Sambernyawa nggunaake cara perang gerilya.
Sajerone perang gerilya meh kabeh tlatah Jawa
Tengah lan Jawa Wetan wis diambah. Pangeran Sambernyawa tansah makarya
bebarengan karo Pangeran Mangkubumi. Pangeran Sambernyawa pernah mapan ana ing
Tanah Bang Wetan lan ketemu Nyai Dipa, dhukuh papane Nyai Dipa dijenengke Karanganyar. Pangeran
Sambernyawa maringi sebutan Nyai Dipa dadi Nyi Ageng Karang.
19. Crita rakyat kang isine nyritaake dumadine
Kabupaten Karanganyar kalebu jenis crita...
A. sage
B. fabel
C. legendha
D. mite
20. Ana sak jeroning crita kuwi ana parogone. Ngisor
iki kang ora dadi paraga ana crita dumadine Kabupaten Karanganyar yaiku...
A.
R. M. Said
B.
Nyai Dipa
C.
Pangeran Mangkubumi
D.
Paneran Diponegoro
21. Pangeran Sambernyawa nduweni watak kang perlu
tinuladha, yaiku...
A. sregep perang gerilya
B. seneng nglembara
C. ngrungkepi bangsa lan negara
D. maringi jeneng padhukuhan
22. Ana ngendi kedadeane crita ing dhuwur mau?
A. Karanganyar
B. Sukaharjo
C. Jawa Barat
D. Jawa Timur
23. Basa krama ngisor iki kang cocok karo crita
ing ndhuwur yaiku...
A. Pangeran Sambernyawa perang gerilya musuh Walanda
B. Nyai Ageng Karang ngewaki perang Pangeran Sambernyawa
C. Pangeran Sambernyawa perang gerilya mengsah
Walanda
D. R.M. Said uga diarani Pangeran Sambernyawa
24. Nahkoda iku pagaweane wong kang nglakoake ...
A.
Montor Mabur
B.
Kapal
C.
Sepur
D.
Bus
25. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu penggawean yaiku ….
A.
Nahkoda
B.
Masinis
C.
Sopir
D.
Stasiun
26. Tembang Gambuh iku kalebu tembang macapat.
Paugerane Tembang Gambuh yaiku….
A.
7u,10u, 12a, 8u, 8i
B.
7u,10u, 12i, 8o, 8i
C.
7u,10u, 12u, 8u,8o
D.
7u,10u, 12i, 8u, 8o
27. Tembang Gambuh iku isine bab pitutur kanggo
panguripan, gatra kang cocok karo ukara kuwi yaiku ….
A.
sekar Gambuh ping catur
B.
kang cinatur polah kang kalantur
C.
tanpa tutur katula-tula katali
D.
kadaluwarsa katutuh
28. Tembang Pangkur uga kalebu tembang macapat. Pathokan
tembang Pangkur yaiku ….
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
B. 8a, 11i, 8i, 7a, 12u, 8i, 8i
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8a
D. 8a, 11i, 8i, 7a, 12u, 8a, 8a
29. Tembang macapat nduweni watak kang beda-beda.
Watake Tembang Pangkur yaiku ....
A.
wanuh, kulina, remaket
B.
seneng, antepan ati, gagah
C.
seneng, tresna asih, mituturi
D.
sedih, trenyuh, galak
Sekar pangkur kang winarno
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
30. Ukara kang nyritakake isi Tembang Pangkur
yaiku...
A.
Pitutur supaya urip kanthi becik nalika awan lan bengi
B.
Tulhadha tata krama kang becik kanggo ditindakne nalika
awan lan bengi
C.
pitutur supaya wong iku mangerteni ala lan becik, adat,
lan tata krama
D.
pitutur supaya wong urip kudu ngerteni tata krama
31. Guru wilangan lan guru lagune Tembang Kinanthi
sing bener yaiku ….
A.
8u, 8i, 8a, 8i, 8u, 8i
B.
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8u
C.
8u, 8i, 8o, 8i, 8a, 8i
D.
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
32. Den kaesti
siyang ratri.Tembung ratri ana ing Tembang Kinanthi mau tegese….
A.
bengi
B.
pinter
C.
patri
D.
awan
33. Tembang macapat iku ana prang-pirang werna.
ing ngsor iki kang ara kalebu tembang macapat yaiku ....
A. Gambuh, sinom, kinanthi, asmarandana,
dandanggula
B. Kinanti, pucung, sinom, pangkur, mijil, walang
kekek
C. Sinom, kinanthi, asmarandana, mijil, megatruh
D. Dandanggula, maskumambang, pangkur, sinom
34. Anak cecek Arane?
A. Fawiyah
B. Sawiyah
C. Sawiyan
D. Mimikri
35. gjhmznKmBil¿ tulisan aksara jawa ngnggo pasangan iki menawa diwaca
unine….
A.
gajah lagi ngemil
B.
gajah midak kambil
C.
gajah mangan kambil
D.
gajag numpak mubil
36. pet(kK[nQoh[bo[l=o tulisan aksara
jawa iki menawa diwaca unine ...
A. Petruk kantong bolong
B. Petruk kantonge bolong
C. Petruk karo Bagong
D. Petruk nuthuk Bagong
37. Anak Jaran arane?
A. Belo
B. Pedet
C. Tobil
D.
Keledai
38. Pengalaman yaiku samubarang kang dialami
dening wong ing sajerone uripe. Pengalaman sing angel dilalekake yaiku ....
A.
pengalaman kang nabet
B.
pengalaman urip
C.
pengalaman pribadi
D.
pengalaman kang lucu
39. Pengalaman iku ana rong werna yaiku pengalaman
kang nyenengake lan pengalaman kang ....
A.
gawe lucu
B.
gawe susah
C.
gawe seneng
D.
gawe miris
40. Nulis pengalaman diawiti nemtokake topik luwih
dhisik, sawuse nemtokake topik terus ….
A.
nulis papan panggonan
B.
nulis karangan
C.
gawe cengkorongan
D.
nulis wektu kedadiyan
41. Hasan : “
……
Rudi
: “ Aku yen gedhe kepengen dadi dokter.”
Pitakonan
sing pas kanggo jangkepi pachelaton ing dhuwur yaiku …
A.
Kowe pengen nang ngendi yen wes gedhe?
B.
Kowe pengen sekolah ana ing ngendi?
C.
Kenapa kowe kepengen dadi dokter?
D.
Kowe yen gedhe kepengen dadi apa?
42. Bayu yen wes
gedhe pengen dadi dhalang, supaya bisa ….
A.
Ngobati wong lara
B.
Nglakokake wayang
C.
Nglakokake montor mabur
D.
Ndadani montor sing rusak
Assalaamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
Bapak Kepala Madrasah
Ibtidaiyah ingkang satuhu kinurmatan. Bapak-bapak pengurus Komite Madrasah
Ibtidaiyah ingkang kinurmatan. Bapak saha Ibu Guru sedaya ingkang kinurmatan.
Mboten kesupen kanca-kanca kelas VI lan adhik-adhik wakil kelas I dumugi kelas
V ingkang kula tresnani.
Sumangga kula dherekaken tansah ngaturaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwaos, ingkang sampun ngluberaken berkah saha
rahmatipun dhumateng panjenengan lan kula. Katitik ing kalodhangan meniko Bapak,
Ibu saha para sedherek saget makempal wonten aula menika kanthi boten kirang
setunggal menapa.
Bapak Kepala Madrasah, Bapak
ibu guru tuwin para tamu sedaya, keparenga kulo minangka wakilipun siswa kelas
VI matur wonten ngarsanipun para rawuh sedaya. Ingkang angka setunggal kula sakanca
ngaturaken gunging panuwun awit Bapak saha Ibu guru sampun nggulawenthah kula
sedaya sadangunipun ngangsu kawruh ing
MI. Inggih awit kemirahan saha katresnan inggkang sampun dipunluberaken
dhateng kula sakanca, sedaya saget lulus kanthi biji ingkang maremaken.
43. Pidhato
mau diandharake kanthi runtut lan cetha, paraga kang pidhato yaiku….
A.
ketua kelas VI
B.
kepala Madrasah
C.
wakil kelas I-V
D.
wakil kelas VI
44. Ngisor iki sing
rawuh ana ing acara perpisahan kelas VI, kajaba.…
A.
Kepala Desa
B.
Ketua Komite
C.
Kepala Madrasah
D.
tamu undangan
45. Apa kang diaturake murid marang
Bapak lan Ibu guru amarga wis kersa nggulawenthah saksuwene sekolah ana MI?
A.
pangapunten
B.
panuwun
C.
salam taklim
D.
pamuji
46. Supaya bisa nulis teks pidhato kanthi becik
lan runtut, luweh dhisik kudu gawe cengkorongane. Urutan cengkorongan pidhato
kang bener yaiku ....
A.
Salam pambuka, atur pakurmatan, panutup
B.
Pambuka pidhato, isi pidhato, atur pakurmatan
C. Salam pambuka, isi pidhato, panyuwunan
pangapura
D. Pambuka pidhato, isi pidhato, panutup pidhato
Teks pacelathon kanggo mangsuli nomor 39 lan 40.
Ridho : “mekaten, Pak. Kula
kepingin mangertos menapa tegesipun listrik kangge pagesangan kang langkung sae
menika? Kula suwun Bapak kersa paring katrangan.”
Pak Hasan : “O, bab kuwi, ta?
Saiki Bapak ndangu kowe, apa kowe wis tau nyetrika nganggo areng?”
Ridho : “Dereng nate, Pak.
Menawi nyetrika inggih ngangge setrika listrik., kantun nancepaken setrikanipun
lajeng benter, rasukan ingkang dipun strika inggih enggal alus.”
Pak Hasan : “Jaman biyen
sadurunge ana listrik, tandang gawe iku ora bisa cepet kaya saiki. Ngliwet,
ngumbahi, nyetrika lan liya-liyane mbutuhake wektu kang suwe.”
47. Topik pacelathon
ing ndhuwur mau yaiku ....
A. pasinaon
B. kebanjiran
C. listrik
D. setrika
48. Miturut teks
pacelathon ing ndhuwur, paraga kang nindaake pacelathon yaiku ....
A. Ridha
B. Ridha lan Pak Hasan
C. Pak hasan
D. murid lan guru
49.
Tembung apik iku pada tegese
kalian ….
A.
Ala
B.
Seneng
C.
Remen
D.
Becik
50. Piranti kanggo
babat suket lan pari yaiku ….
A.
Pacul
B.
Parang
C.
Kampak
D.
Arit
Posting Komentar untuk "Contoh Soal UM Bahasa Inggris terbaru"
Posting Komentar